SELAMAT DATANG DI BLOGNYA KAMI SEMOGA BERMANFAAT BAGI ANDA TERIMA KASIH

Kamis, 28 Juni 2012

artikel berbahasa j awa 4

Ing bab ningkah cara Jawa, ana sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane:
Upacara Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe anak barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane enak lan seger!” Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki enak lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha ngicipi.
Upacara Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.
Upacara Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake  manawa calon manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni. Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne utawa bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula kekalih  samangke dumugi papan kang kula sedya lan manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.
Upacara Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni: dhuwit receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang sritaman. Ngenani akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan cilik-cilik mau dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau. Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung dipethuk.
Upacara Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu di dhisiki nganggo sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg nrajang benang lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Suwalike menawa manut salasilah, manten kakung luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake upacara panggih.
Upacara Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad nikah mantene wadon wis randha, nanging durung duwe anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih. Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep lawang sadurunge upacara panggih.
Prasetyono, Dwi Sunar. 2003. Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta. Yogyakarta: Absolut

artikel berbahasa j awa 3

Nuwuhaken Tresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin budaya Jawi”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta ugi  mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika kathah para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen, nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika. Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan panjenengan sedaya.
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Kula pitados bilih para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman, kerem ing kahanan, kasoran dhateng budaya sanes. Sedaya menika boten cekap namung dipuneman-eman kemawon, ananging betah lampah, penggalihan, kepedulian, kawigatosan, tuwin lampah nyata ingkang kedah katindakaken magepokan kaliyan babagan menika. Kadospundi saha menapa kemawon kupiyaning kula lan panjenengan sedaya murih masyarakat Jawa, mliginipun para generasi mudha ingkang dados agul-aguling bangsa menika nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Mangga samya nglodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi sedaya menika. Wonten ing era globalisasi samangke, bangsa Indonesia katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya. Bab menika boten saged kasandhet amargi budaya menika asipat dinamis, boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone, kados siklus organisme. Namung makaten, ampun ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya modhern ing era globalisasi. Ing wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau sarta nggilut budaya Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sadaya kedah nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa Jawa ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang wuruk babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda nuwuhaken raos tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika betah metode saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene asilipun boten nguciwani, katitik saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih kathah para mudha ingkang purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa, karawitan, kolaborasi etnik-modhern, beksan, macapat, kethoprak, lan sanes-sanesipun.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Modhernisasi saha globalisasi panci nuwuhaken perkawis ingkang manekawarni. Sinten ingkang boten siaga badhe kalindhes tuwin kasoran, wondene ingkang siaga bakal katon manjila. Trep kaliyan kahanan ing jaman sapunika, kula lan panjenengan sedaya kedah angulah lantiping budi, eling, saha emut  kados pangandikanipun KGPAA Mangkunegara IV ingkang sinerat wonten ing serat Wedhatama  pupuh Kinanthi menika:
Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling
eling lukitaning alam
dadya wiryaning dumadi
supadi nir ing sangsaya
yeku pangreksaning urip
marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking dumadi
mbengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
upamane wong lumaku
marga gawat den liwati
lamun kurang ing pangarah
sayekti karendhet ing ri
apese kesandhung padhas
babak bundhas anemahi
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Makaten ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Nuwun, maturnuwun.

artikel berbahasa jawa 2

Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
(Kabesut  saking: Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH)

artikel berbahasa jawa 1

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp…………………sekalihan.
Penjenganipun Bp………..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp…………….sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg…………..kaliyan Bp………………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr. …………………Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bp………………sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ……….. sekalihan garwa inggih punika;
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.
Boten kekilapan Bp………………………..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp…………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bp……………..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp………………..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayahWassalamu’alaikum Wr.Wb
TULADHA PANAMPI PASRAH LAMARAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dhumateng panjenenganipun Bp…………………(ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp……………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp……………sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, lumantar panjenenganipun Bp……………….(ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah penjengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp………………….sekalihan (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan panjenenganipun Bp………………sekalihan, naming ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparengipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratanda yektikasoking katresnan dhumateng Bp…………….sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Among semanten panampi saking Bp…………sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar kula, katuri uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp……………………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih manawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kula pinangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayahWassalamu’alaikum Wr. Wb
TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun.
Bapa/Ibu ……………..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih manawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu …………….., anggenipun angrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu …………………..ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu ………………hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/Ibu …………………, hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara ……………………., jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……………….., putra kakungipun Bapa/Ibu …………………., ingkang pidalem ing……………Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang punka panjenenganipun Bapa/Ibu …….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembahan, momong putra, kanthi prejanjen Brayat Rinancang.Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu…………….. ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayahWassalamu’alaikum Wr. Wb
TULADHA ATURIPUN PANATACARABADHE UPACARA PASRAH TEMANTEN
Wus samekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajengipun wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi upacara pasrah. Cucuking cundaka ingkang dipun sarirani panjenganipun Bapa ……………………miwah pengapiting putra temanten kakung, panjenganipun Bapa……………saha Bapa………………, kados sampun sumekta, kepareng badhe masrahaken rising pinanganten kakung dhumateng ngarsanipun Bapa/Ibu (ingkang mengku gati) ingkang kalenggahan mangke badhe dipun sarirani panjenganipun Bapa…………Wondene ingkang kepareng hanjajari panjenganipun Bapa……………………, saha Bapa…………………………, ing salajengipun dhumateng penjenganipun para-para ingkang piniji sasana saha swasana kawula sumnggakaken, sumangga, nuwun.
TULADHA ATURIPUN PANATACARABADHE HANAMPI PASRAH TEMANTEN
Satuhu tatas, titis, wijang gambling, cetha trewaca, tumata datan tumpang suh, aur pangandikaipun rising cundaka hamasrahaken putra pinanganten kakung. Salajengipun Bapa………(ingkang nampi) minangka talanging bas Bapa/ibu……………(ingkang mengku gati), kepareng badhe hanampi sang pindha narendra. Ing wasana, sasana saha suwasanakawulasumanggakaken, sumangga, nuwun.
TULADHA ATURIPUN PANATACARABADHE PARIPURNANING GATI
Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kaluwangsa, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambelakaMinangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu…………………, kaparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi ekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu punika sampun paripurna, sinarthan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang yayah gelayongan lampahe (Binayung Ladrang Gleyong, laras pelog pathet 6)
TULADHA ATUR PANUTUP PANATACARAWONTEN ING PAWIWAHAN TEMANTEN
Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun BApa/Ibu…………….., ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampimenggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantuingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.Semanten ugi, kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, jenang sela wader pari sesondheran, apurantha menawi lepat atur kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami,Maturnuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayahWassalamu’alaikum Wr. Wb
PARAGA PAWIWAHAN MANTENI. SESEPUH
1. Bp …………………………….. 2. Bp ……………………………..
II. KETUA
1. Bp ……………………………… 2. Bp ……………………………… 3. Bp ………………………………
III. DEWA TARUB
1. Eyang …………………………. 2. Eyang ………………………….3. Eyang ………………………….
4. Eyang …………………………. 5. Eyang ………………………….
IV. TATA USAHA UMUM
1. Bp ………………………………. 2. Ibu ……………………………….
V. AMONG RAWUH KAKUNG
1. Bp ………………………………..2. Bp ………………………………..3. Bp ………………………………..
VI.AMONG RAWUH PUTRI
1. Ibu ………………………………2. Ibu ………………………………3. Ibu ………………………………
Ket. Wonten ing cicilan among rawuh kakung ngagem busana Nasionalan, wonten dinten “ H “ ngagem kejawen. Sragam kejawen sampun kasumaktaaken ingkang hamengku gati.
VII. PENGAWAS TAMU UNDANGAN
1. Bp ……………………………2. Bp ……………………………3. Bp ……………………………
VIII. PENGAWAS TENAGA UMUM
1. Bp ………………………….2. Bp ………………………….3. Bp ………………………….
IX. PANGRAKIT PASUGATAN
1. Bp ………………………….2. Bp ………………………….3. Bp …………………………
X. PANENGGA KOTAK SUMBANGAN
1. Sdr ………………………….2. Sdr ………………………….
XI. KOORDINATOR SIE TARUB
1. Bp …………………………2. Bp …………………………3. Bp …………………………
XII. PENCATAT BALA PECAH/MEJA KURSI
1. Bp ………………………….2. Bp ………………………….
XIII. SIE JANUR/RON RINGIN
1. Bp ………………………..2. Bp ………………………..3. Bp ………………………..
XIV. SIE PENERANGAN
1. Bp ………………………2. Bp ………………………3. Bp ………………………
XV. SIE PERLENGKAPAN
1. Bp ……………………….2. Bp ……………………….3. Bp ……………………….
XVI. SIE JAGA SEPEDA TAMU
1. Bp …………………………2. Bp …………………………3. Bp …………………………
XVII. SIE PANGGUNG HIBURAN
1. Bp ……………………….2. Bp ………………………..3. Bp ………………………..
XVIII. SIE GODHOG BANYU
1. Bp ………………………2. Bp ………………………
XIX. SIE NGANGSU BANYU
1. Bp ……………………….2. Bp ……………………….3. Bp ……………………….
XX. SIE TUNGGU GAWAN
1. Ibu …………………….2. Ibu …………………….3. Ibu ……………………..
XXI. SIE ADANG
1. Ibu ………………………2. Ibu ………………………3. Ibu ………………………
XXII. SIE KEAMANAN
1. Bp ……………………….2. Bp ……………………….3. Bp ……………………….
XXIII. KOORDINATOR SINOMAN
1. Sdr ……………………….2. Sdr ……………………….3. Sdr ……………………….
Ket. Kasuwun mbagi Serat undangan Serat Undangan kasuwun dipun teliti hambok bilih kirang jelas Nama, Alamat lan samudayanipun kepareng manggihi ingkang kagungan jati. Pasrah undangan kasuwun ing dinten:Hari/Tgl : ……………………Pukul : ……………………
XXIV. SIE ASAH-ASAH
1. Ibu ………………………..2. Ibu ……………………….3. Ibu ……………………….
PARAGA ING ACARAPANGGIHING TEMANTEN
I. PRANATA ADI CARA/ MC1. Bp ……………………….
Ket. Saking Sanggar Dekorasi …………………..
II. ATUR SIH PRANATA1. Bp ……………………2. Bp ……………………
III. PANAMPI SIH PRANATA1. Bp ………………………2. Bp ………………………
IV. ATUR PAMBAGYA HARJA1. Bp ……………………….2. Bp ……………………….
V. ATUR PASRAH/ PANAMPI TEMANTEN KAKUNG
1. Bp ………………………2. Bp ………………………
VI. PUTRI DOMAS
1. Adik ……………………..binti ……………………..2. Adik ……………………..binti ……………………..
VII. GANDEK SAK KEMBARAN
1. Adik …………………..2. Adik …………………..
VIII. PATAH SAK KEMBARAN
1. Adik ……………………2. Adik ……………………
IX. PENDAMPING TEMANTEN PUTRI
1. Adik ……………………2. Adik ……………………3. Ibu ……………………..
X. PONDHOKAN MANTEN/ TEMPAT RIAS
Dalemipun Bp …………………..Makaten menggah pandapuking paraga tarup ing Pawiwahan Manten, hambok bilih wonten kekirangan saget kausulaken dateng Ketua Tarub. Nuwun …………………